Artwork

内容由Tze-John Liu提供。所有播客内容(包括剧集、图形和播客描述)均由 Tze-John Liu 或其播客平台合作伙伴直接上传和提供。如果您认为有人在未经您许可的情况下使用您的受版权保护的作品,您可以按照此处概述的流程进行操作https://zh.player.fm/legal
Player FM -播客应用
使用Player FM应用程序离线!

Basa Jawa - "Ing Loro Dalan".mp3

2:03
 
分享
 
Manage episode 399384876 series 3552418
内容由Tze-John Liu提供。所有播客内容(包括剧集、图形和播客描述)均由 Tze-John Liu 或其播客平台合作伙伴直接上传和提供。如果您认为有人在未经您许可的情况下使用您的受版权保护的作品,您可以按照此处概述的流程进行操作https://zh.player.fm/legal

Javanese - "The Two Roads".mp3 //
YOKANAN 1 - Sang Sabda kang manjalma

1:1-18

1Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah. 2Wiwitane Panjenengane iku nunggil karo Gusti Allah. 3Samubarang kabeh dumadine dening Sang Sabda, lan samubarang kang dumadi ora ana sawiji-wijia kang ora didadekake dening Sang Sabda. 4Sang Sabda kang kadunungan urip, sarta urip iku kang dadi pepadhanging manungsa. 5Anadene Sang Padhang nelahi sajroning pepeteng, lan ora kalindhih dening pepeteng iku. 6Ana priya rawuh kautus dening Allah asmane Yokanan. 7Rawuhe dadi seksi, kapatah nekseni bab Sang Padhang, supaya dadia lantarane wong kabeh padha pracaya. 8Panjenengane iku dudu Sang Padhang piyambak, mung kapatah nekseni bab Sang Pedhang. 9Sang Padhang kang sajati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagad. 10Panjenengane wus ana ing jagad, dhasar jagad iku dumadine iya dening Panjenengane, nanging jagad iku ora wanuh marang Panjenengane. 11Rawuhe murugi kagungane, nanging para kagungane iku ora gelem nampani. 12Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane, 13kang laire ora saka ing getih, iya ora saka pakaremaning daging utawa saka karepe wong lanang, nanging saka ing Allah. 14Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten. 15Nabi Yokanan nekseni mungguh Panjenengane sarta nguwuh-uwuh, pangandikane: “Iya iki kang dakkarepake nalika aku pitutur mangkene: Kang rawuh nungka aku iku wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurunge aku.” 16Saka ing kasampurnane kita kabeh wus tampa ganjaran sih mawantu-wantu. 17Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.

18Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane.

  continue reading

37集单集

Artwork
icon分享
 
所有剧集

×
 
Loading …

欢迎使用Player FM

Player FM正在网上搜索高质量的播客,以便您现在享受。它是最好的播客应用程序,适用于安卓、iPhone和网络。注册以跨设备同步订阅。

快速参考指南